Sabtu, 08 September 2012

Zodiak Wong Jowo 2012 (ngakak)

Zodiak wong jowo taun 2012:

1. Pirgo -
Pengggawean sing cocok: dagang jengkol.
Keuangan: dedel duel.
Asmara: golek sing rodo waras.

2. Akuwarius -
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedhek.
Keuangan: nyilah-nyilih wae.

Asmara: Sedhelo meneh jomblo, dikepret calon mertuwo.

3. Piskes -
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg ning pertelon.
Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan blonjo.
Asmara: ditolak meneh.

4. Ariyes -
Penggawean sing cocok: ngedusi wedhus.
Keuangan: kakehan utang, gaji kepotong terus.
Asmara: benakno disik raimu.

5. Tawurus -
Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus karo dagang kersen.
Keuangan: diapusi konco dewe. Kudu diruwat.
Asmara: ga payu payu, ganti pelet-e.

6. Gemini -
Penggawean sing cocok: Nyuloh welut, bekicot.
Keuangan: kurangajar, ngedoli warisan mertuwo.
Asmara: ra jelas...pacare kono-kene, mbuh sing endi.

7. Kanser -
Penggawean sing cocok: Macul, Nandur.
Keuangan: sekarat, nyedhaki bangkrut.
Asmara: ra ono sing gelem, modal tipis.

8. Leyo -
Penggawean sing cocok: nyebleki tukang jamu.
Keuangan: ribet tenan, duwit ilang terus. Asmara: ati2 bakal kepelet, karo dukun seko gunung kidul.

9. Libra -
Penggawean sing cocok: ngorek-ngorek sampah utawa Tukang beling.
Keuangan: ra becus golek duit.
Asmara: malem minggu mengko pacarmu nyidam penyetan petei.

10. Sekorpio -
Penggawean sing cocok: Mbenakno genthenge tanggamu.
Keuangan: podo karo wingi, bokek terus.
Asmara: duwe pacar penyakitan

11. Sagitariyus -
Penggawean sing cocok: Ngresiki kolam, yen ono wektu nyopeto ning pasar.
Keuangan: bojomu ngadat njaluk tambahan duit dapur.
Asmara: ditempilingi wae karo bojomu, jal takon nang dukun!

12. Kaprikorn -
Penggawean sing cocok: Dagang kerupuk
Keuangan: Nguwatirake, waspada debt kolektor!
Asmara: hambar, pacarmu njaluk berlian, ajur juuuuur :'(

Mugi-mugi cocok karo panjenengan..:p

1 komentar: